Prasasti kampak

Alas gung liwang-liwung
Danyang kang kebak sang hyang
Kinubengan putuk lan gunung
Kasingget kali loro mili mudun

Tekan kidul lan kulon
Tirto kang koyo dene netro
Tempurane munyer selawase jagat
Gawe ilmu kang kasirat

Ampak-ampak mrangkul wono
Cilep asrep tanpo suworo
Kang katah aji soko
Mulo teko'o poro petopo

Mpu sindok aran asmane
Ninggal krajan matarame
Nambah ilmu joyo sektine
Sekti batin lan rogone

Gawe prasasti kampak jenenge
851 syaka tahune
Kang kasebut tekan seprene
Kecamatan kampak iku arane

Komentar